Meniko kula aturaken lagon utawa gendhing banyumasan sing judule waru dyoyong, monggo ingkang remen dipun simak... .
WARU DHOYONG
Waru waru dhoyong mas, waru dhoyong nang pinggir kali
Lunga ngendong, Lunga ngendhong ora bali bali
Suweng ireng digadhekena, wis kadhung seneng dikapakena
Waru waru dhoyong mas, waru dhoyong nang pinggir sumur
Lunga ngendong, Lunga ngendhong kelantur lantur
Ngisor klasa ana geseke, ora rumangsa karo dheweke
Waru waru dhoyong mas, waru dhoyong nang pinggir wanggan
Lunga ngendong, Lunga ngendhong nggolet pangan
Es gosrok nang ngisor
wringin, di gosok ora kepengin
Waru waru dhoyong, dhoyong
nang tengah alas....
Lunga ngendhong, Lunga ngendhong nggolet beras
Jarit kawung diwiru wiru atine bingung ora bisa turu
Waru waru dhoyong, dhoyong nang tengah sawah...
Lunga ngendhong, Lunga ngendhong ora saba umah.
Lampu listrik digeyong geyong, aja brisik mbok ana ewong.
Waru waru dhoyong mas, dhoyong nang klapa sawit
Lunga ngendhong, Lunga ngendhong golet dhuwit
Dina minggu ora prei, ditunggu tunggu ora dinei
Waru waru dhoyong mas waru dhoyong nang pinggir waru
Lunga ngendhong Lunga ngendhong golet wong ayu
Jarit teles di enggo bae,
atine ngenes dilombo bae
Waru waru dhoyong, waru dhoyong nang ngisor manggis
Lunga ngendhong, Lunga ngendhong wong ireng manis
Kali banjir ana bangkonge sapine majir gedhe bokonge
Waru waru dhoyong mas waru dhoyong nang pinggir becak
Bali ngendhong, bali ngendhong lara ngawak
Inter inter nang ngisor suruh, klintar klinter kepengin weruh
Waru waru dhoyong rama, dhoyong nang pinggir sumur
Lunga ngendhong, Lunga ngendhong kebanjur banjur
Jarit bedah sewek pinggire,
atine bingung susah mikire
Waru waru dhoyong mas, waru dhoyong nang pinggir angkruk
Bali ngendhong, Bali ngendhong mripate ngantuk
Gawe sata kayune duwet, kalah tuwa duwite ruwet
Waru waru dhoyong mas waru doyong nang pinggir pasar
Bali ngendong Bali ngendong atine bingar
Nandur jahe nang
galengan kono bae go delengan
<==||==>
Matur Nuwun sampun kersa mampir teng blog niki.
0 comments:
Posting Komentar