Search This Blog

BANGO BANTHENG

>gobyog<
Bango bantheng theng theng, Bango bantheng
Tibane mlongo, ngo. Menyate entheng
Dalane angel, munggah mudhun lunyu
Mandheg mangu kepleset, nesu-nesu......

Bango bantheng theng theng, Bango bantheng
Tibane mlongo, ngo. Menyate entheng
Dalane angel, munggah mudhun lunyu
Mandheg mangu kepleset, nesu-nesu......

Bango bantheng theng theng, Bango bantheng
Tibane mlongo, ngo. Menyate entheng
Dalane angel, munggah mudhun lunyu
Mandheg mangu kepleset, nesu-nesu......

>Parikan<
Wakul kayu cepone wadah pengaron
Kapanane ketemu pada dhewekan
Suket latar celulang ciut godhonge
Aja drengki ala Aja drengki, wong urip bareng sabumi....

Klasa janur, klasane wong mbarang nggawe
Ndepe ndepe,  wong seneng ngenteni simpe...
Sewu papan sayang wulan pinangkatan.
Sun cobane-sun cobane kawula nganggit wangsalan...

Suling toya godong alit cinangkingan
Takokena Wong bagus pundi griyane
Jambe nggawe disigar dadi salawe
Amung siji ala Amung siji sing dadi senenge ngati...

Ala Lisus kali kedung jero banyu mili
Meneng soten atine bolar baleran...
Semut cingkrang, Karoto sabaneng karang.
Murang muring Murang muring, wong seneng arang kesanding...

Sawer langking, Ula dumung manca warna
Melang meling, ditingal kadang asihan
Janur gunung, sa kulon banjar patoman
Kadi ngaren Kadi ngaren, kang bagus gasik tekane

Ala Bakul kayu, cepone wadah pengaron
Kapanane, ketemu pada dewekan
Lisus kali, kedung jero banyu mili
Meneng soten Meneng soten, atine bolar baleran...

>gobyog<
Bango bantheng theng theng, Bango bantheng
Tibane mlongo, ngo. Menyate entheng
Dalane angel, munggah mudhun lunyu
Mandheg mangu kepleset, nesu-nesu......

Bango bantheng theng theng, Bango bantheng
Tibane mlongo, ngo. Menyate entheng
Dalane angel, munggah mudhun lunyu
Mandheg mangu kepleset, nesu-nesu......

Bango bantheng theng theng, Bango bantheng
Tibane mlongo, ngo. Menyate entheng
Dalane angel, munggah mudhun lunyu
Mandheg mangu kepleset, nesu-nesu......

0 comments:

 
Top