Search This Blog

ILOGONDHANG BANYUMASAN
>>>gending pembuka

Gagar pira, wong lanang sing rosa Ngendang. (Esuk ngendang sore ngendang, bubar ngendang anake reang.)
Gagar pira, wong lanang sing rosa Nggender. (Esuk Nggender sore Nggender, sing nggender lambene Ndower.)
alaGagar pira, wong lanang sing rosa Ngegong. (Esuk Ngegong sore Ngegong, sing Ngegong wudele bodong.)
alaGagar pira, wong lanang sing rosa Ndemung. (Esuk Ndemung sore Ndemung, sing Ndemung wetenge Busung.)
Gagar pira wong, lanang sing rosa Nylenthen. (Esuk Nylenthen sore Nylenthen, bubar Nylenthen raine bethem.)
Gagar pira wong, lanang sing rosa Nyuling. (Esuk Nyuling sore Nyuling, bubar nyuling dadi maling.)
Gagar pira wong, lanang sing rosa Nyiter. (Esuk Nyiter sore Nyiter, bubar Nyiter awake Gemeter.)

>>>gending

Sari laut, rama kulang kirama, kluyur-kluyur padha bali nganah ngidul.. iloogoondhang pariikaane... (dua lulu.... lu....wing)

>>>pedhotan

Rama.... rama-rama-rama-rama-rama, nek rama mati nyong melu sapa-nyong melu sapa..... (rama mati melu sapa)
Sambung papa...n la sembung papa...n (Sambung papan)
Sambung papan, sayang wulang pinangkatan, sayang wulang pinaangkata.....n (pinaangkaataan)
Sun cobane - Sun cobane, kawula nganggit wangsalan. Kawula nganggit wangsalan. (Suweng ireng digadhekena mas mas, wis kadhung seneng dikapakena.....)

Ireng ireng ireng ireng ireng,  jel ireng banget kiye, (ireng) ireng, sing ireng mung kowe dhewek, mung kowe dhewek (sing ireng mung kowe dhewek)
Srundheng toya, la srundheng toya... aaa... (srundheng toya)
Srundheng toya banyu asin neng segara, banyu asin neng segara...(Neng segara)
Hurung mareem, urung marem wong dhemen durung nyiicipii, wong dhemen durung nyiicipii (Ngingsong klasa ana geseke mas mas, ora rumangsaa karo dheweke)

Kuning kuning kuning kuning kuning (kuning), sing kung apa jajal (kowe), sing kuning duweke sapa, duweke sapa (sing kuning duweke sapa)
Kunir wana, kunir wana, (kunir wana)
Kunir wana lempuyang amba godhonge... lempuyang amba goodhgonge....( amba goodhonge)
Temonanaaa, temonana mumpung simpe wong tuwane, mumpung simpe wong tuuwaneee.. (Es.. gosrok nang ngingsong wringin mas mas, digosok ora kepengin)

Sariiii laaaut... Rama... kulang kirama,  Gleser gleser sing nonton nginthipi pager
Suwe suwe jejogedan  ......................... (duwaluluuuluwing)

Sembung papa...n la sembung papa...n . Sambung papan sayang wulang pinangkatan (sayang wulang pinangkatan)
Sun cobane....... Sun cobane, kawula nganggit nganggit wangsalan. Kawula nganggit wangsalan (Kawula nganggit wangsalan)

Penthil nangka penthil penthil nangka, kadibabal kapitan gori kadibabal kapitan gori (kadibabal kapitan gori)
Kacek apa kacek kacek apa rama Ditanding padha padha wadhone (padha padha wadhone)

Janur gunung Janur Janur gunung, sakulon banjar banjar pathoman, sakulon banjar pathoman.
Kadingaren kadi kadingaren kang bagus pundhi griyane,  kang bagus pundhi griyane (kang bagus pundhi griyane)

>>>Gobyog
Semut semut putih, Parabaneng tumpal tapih, Parabane tumpal tapih (Parabaneng tumpal tapih)
Ngrintih ngrintih Ngrintih ngrintih, padune kepengin ulih, padune kepengin ulih (padune kepengin ulih)

Cengkir wungu Cengkir wungu, wungune ketiban ndaru wungune ketiban ndaru (wungune ketiban ndaru)
Wis pesthine - Wis pesthine, kowe uwal karo aku - kowe uwal karo aku (kowe uwal karo aku)

Benang renteng Benang renteng , gambang arang kinantetan - gambang arang kinantetan (gambang arang kinantetan)
Wis cengklungen Wis cengklungen, dinteni ra teka teka - dinteni ra teka teka (dienteni ora teka teka)

Sun pepuji sun pepuji, Sun obong suluhe mati Sun obong suluhe mati (Sun obong suluhe mati)

Sari laut, rama kulang kirama, gleyar gleyor  padha bali nganah ngalor... iloogoondhang banyumasan......

....Rampungan....
Kuwe mau sing arane gendhing ilogobdabg banyumasan
mugi dados panglipur manah panjenngan sami.
salam paseduluran saking kula kaki bablas.
nek badhe requwes utawi nyuwun lagon liyane mangga kula tenggo.
klilannnnnnnnnn....

Gudhel mlebu lurung,
Liwat lurung Numpak epit.
Gandheng sampun rampung,
Kula badhe nyuwun pamit.

Nuwun.
kakibablas

0 comments:

 
Top